Lionel Messi
Lionel Messi utawa Messi menika salah sawijiné pemain ana ing club Barcelona.[1] Lionel Messi kang jeneng asliné Lionel Andrés Messi (lair ing Rosario, Argentina , 24 Juni 1987; umur 24 taun) yaiku pemain ngarep bal-balan Argentina sing saiki maén ana ing Barcelona lan tim nasional Argentina.[2] Messi kerep diparabi “maradona anyar” amarga akeh padhané yaiku awaké péndék, luwih sikil kiwa, jago dribel bal, lan ahli nipu mungsuh.[3] Messi miwiti karir bal-balan umur liman taun, Umur sewelas taun dhéwéké miwiti karir ana ing klub lokal.[4] Messi padatan main ing posisi gelandang serang utawa penyerang.[4] Messi dikenal nduwéni dribblesing apik sing sarta umpan-umpan sing akurat.[3] Taun 2005 Barcelona nawakaké kontrak tekan 2010 regané €150 juta, €30 juta luwih dhuwur tinimbang kontrak Ronaldo rikala kuwi.[2]Bareng karo Barcelona taun 2009, dhéwéké isoh olih nem gelar.[1] Dhéwéké uga dadi pemain paling apik Eropa lan Dunia.[3]
Rikala cilik
Messi lair ing Rosario, Argentina tanggal 24 Juni 1987, anak saka Jorge Horacio Messi lan Celia María Cuccittini iki pancén katon jago bal-balan wiwit cilik.[3] September 2000, nalika umuré sewelas taun, Messi ngalami gangguan hormon lan dikhawatirké ora isoh tumbuh normal.[5] River Plate sajané pengin jupuk messi ananging ora kuat mbayar $800 per wulan nggo ngobati.[5] Untungé Barcelona gelem mbayari kabeh biayané, nanging keluargané gelem pindah ing Spanyol.[2] Yén Messi ora terapi hormon, awaké Lionel Messi mung isoh tekan 150-an céntiméter waé.[5] Kurangan hormon pertumbuhan (growth hormone deficeincy) nggawé dhuwuré messi ora lancar lan penyakit iki uga nyerang wong akéh ing donya.[5]
Boaz Solossa
Boaz Solossa (lair 16 Maret 1986; umur 25 taun) yaiku pemain bal-balan saka Persipura, kelompok bal-balan ing Indonesia. Boaz ing Persipura dadi penyerang tengah utawapenyerang sayap.[1]
Boaz nalika bal-balan manggon ana ing bageyan kiwa-lapangan tengah.[2] Kangmase,Ortizan, uga dadi pemain bal-balan kang saiki uga main bareng ana ing tim Persipura.[2]Paman Boaz, JP Solossa yaiku mantan Gubernur Papua.[2] Boaz tau diwenehi julukananak ajaib, nalika digawa dening Peter Withe lan bisa nontonake penampilan kang apik ana ing Ho Chi Minh, nalika boaz main ing Tim Nasional Indonesia ana ing ajang Piala Tiger 2004.[2] Boaz dikenal karo kemampuane kanggogawe ngontrol bal, tendangan sikilkiwa kang banter, akurasi sikil kiwa lan sikil tengen kang apik, kecepatan, visi penyerangan, lan naluri kanggo gawe gol.[2] Boaz duwe rupa kang meh pada karo kangmase yaiku Ortizan, kang uga dadi pemain bal-balan profesional kang ndadekaek akeh wong kang salah nalika ketemu pemain loro iki.[2] Ana ing tengah-tengah kariere kang lagi munggah, Boaz tau ngalami cedera serius kang gawe Boaz meh pensiun saka bal-balan kanggo saklawase.[2] Cedera sikil tugel nalika mbela Tim Nasional Indonesianglawan Tim Nasional Hong Kong ana ing ajang internasional.[2] Pertandingan kang rampung kanthi scor 3-0 kanggo Tim Nasional Indonesia.[2]
Justin Bieber
Justin Drew Bieber[4] (pocapan jroning Basa Inggris /ˈbiːbər/, BEE-bər; lair ing Strartford,Ontario, Kanada, 1 Maret 1994; umur 17 taun)[5] iku penyanyi Pop lan R&B anom asalKanada.[1]
Justin Bieber dadi sensasi ing Amérika Sarékat ing taun 2009 sawisé ditemokaké déningScooter Braun liwati video kompetisi nembang lokal "Stratford Star" ing Ontario sing dipublikasi ing YouTube déning ibu Justin ing taun 2007, nalika Justin nggayuh peringkat kaloro.[6][6]Scooter Braun, agèn pencari bakat lan mantan Marketing Eksekutif parusahan So So Def nonton video iki lan mutusaké bakal nemokaké Justin Bieber karo Usher kanggo audisi.[6] Singel pisanané mawa judhul "One Time", dibabar sacara bebarengan ing saindhenging donya ing taun 2009, lan nggayuh peringkat 30 ing luwih saka 10 negara. Album pisanané "My World" (Donyaku) banjur nyusul ing tanggal 17 November 2009 lan nampa penghargaan platinum ing Amérika Sarékat, lan dadi penyanyi pisanan sing nduwèni pitung lagu saka album pisanan sing sakabèhané kasil antuk peringkat ing Billboard Hot 100, sawijining dhaptar lagu-lagu pinunjul sing pinuju digandrungi.[7]
Soekarno
Ir. Soekarno (Blitar, 6 Juni 1901 - Djakarta, 20 Juni 1970), asma aslinipun Kusno Sosrodihardjo,[1] inggih menika présidhèn kapisan Republik Indonésia ingkang mengku jabatan periode 1945–1966.[2] Panjenenganipun kagungan peran wigatos kanggé mardikakaken bangsa Indonésia saking panjajahan Walanda.[3] Soekarno menika ingkang kagungan gagasan ngenani Pancasila amargi panjenenganipun ingkang sepisanan nyetusaken konsèp ngenani dasar negara Indonésia menika lan panjenenganipun piyambak ingkang maringi nama Pancasila.[3] Panjenenganipun menika Proklamator KamardikanIndonésia (sesarengan kaliyan Mohammad Hatta) ingkang dumados tanggal 17 Agustus1945.
Ir. Soekarno kagungan paraban Bung Karno. Bung Karno dipun gantos déning Soeharto.
Julia Perez
Julia Perez (lair ing Jakarta, 15 Juni 1980; umur 31 taun iku penyanyi dangdut, modhèl,pamain sinetron dan présènter Indonésia. Dheweke kerep katon lan foto seksi, mula diarani "bom seks".[1][2] Dheweke miwiti karire ing Perancis. Perkenalane karo modhel lanang Damien Perez (Yusuf Perez) kang banjur dadi garwane mbuka kasempatan kanggo dheweke tampil minangka modhel majalah FHM lan Maxim ing Perancis. Kanthi panampilane ing FHM lan Maxim, Jupe entuk nominasi 100 wong wadon paling seksi versi majalah FHM lan Maxim.[3]
Jenenge mulai musuwur sawise dheweke meranake pirang-pirang sinetron lan film layar lebar.[4] Ing sasi April 2008, Julia Perez terjun ing donya dangdut.[5] Dheweke banjur rilis album perdanae kang irah-irahane Kamasutra. Ing album iku, Jupe aweh kondom kang diselipake ing samak albume.[6] Sanajan Jupe ngandharake alesan penyertaan kondoming saben albume iku mung kanggo ncegah panyebaran penyakit HIV/AIDS sarta mpromosikake safesex lan Keluarga Berencana (KB),[7] nanging akeh pihak kang nganggep tumindake iku wujud tumindak asusila lan dhukungan marang budaya seks bebas.Menteri Pemberdayaan Perempuan, Meutia Hatta ngandharake kanthi terang-terangan yen tumindake Jupe iku bisa diinterpretasikake minangka dhukungan seks bebas.[8] Akibat saka panampilane kang seksi sarta album Kamasutra kang bonuskondom, dheweke kerep dicekal ing Indonesia, kaya ing Nusa Tenggara Barat, Riau,Palembang, Balikpapan lan Bengkulu.[9]
Julia Perez ngawali karire lewat latihan minangka sekretaris ing parusahaan swasta lan duweni kasempatan nerusake pendhidhikan ingBelanda.[10] Dheweke banjur kenalan karo modhel lanang saka Perancis, Damien Perez (Yusuf Perez). Kenalane karo Damien mbuka kasempatan dheweke tampil minangka modhel majalah FHM lan Maxim ing Perancis. Kanthi panampilane ing FHM lan Maxim, Jupe entuk nominasi 100 wong wadon paling seksi versi majalah FHM lan Maxim.[sunting]Karier
Ing taun 2002-2003, Jupe mulai dikenal ing Indonesia lewat sinetron Cinta Lokasi, Komedi Nakal, Penjaga Pantai, Lepas Malam, Maafkan Aku, Rahasia Ilahi, Hidayah, Doa, Mimpi Manis, lan Perempuan Teraniaya.
Persatuan Catur Seluruh Indonesia (PERCASI) ndadekake Julia dadi ikone, ditandhai kanthi diluncurake turnamen "Julia Perez Rapid Chess Open Tournament" ing gedhung Piramyd BPG, Senayan, Jakarta, Indonesia ing tanggal 5 Oktober 2006.[11]
Jupe uga main ing pirang-pirang film layar lebar, kayata Susahnya Jadi Perawan, Beranak Dalam Kubur lan The Shaman.[12] Ing filmBeranak dalam Kubur, dheweke main dadi setan.[13]
Ing sasi Agustus 2007, Julia Perez dadi pambawa acara bal-balan ing pertandingan bal-balan antarane Persija lan PSS Sleman ing Stadion Lebak Bulus.[14] Dheweke ngaku dadi presenter kanggo ngobati rasa kangene marang garwane. Miturute, akeh pemain bal-balan Indonesia kang bagus mula bisa ngobati rasa kangene.
Julia Perez mulai terjun ing dunia musik dangdut ing sasi April 2008 lan rilis album perdana kang irah-irahane Kamasutra kang bonuskondom. Sadurunge rilis album, dheweke wis nyinauni dangdut. Julia uga les vokal lan duweni goyang andhalan kang diwenehi jeneng"goyang blendher".[15][16] Dheweke uga bisa dadi juara nomer siji kompetisi musik "Selebriti Mendadak Dangdut" kang dianakake ingANTV.[17]
Taun 2010 diwarnai kanthi muncule kontroversi babagan pencalonan Julia Perez minangka calon wakil bupati Pacitan. Nanging, ing sasiAgustus 2010, Jupe ngaku yen dheweke wis mundur.[18] Nganti akhir taun 2010, tepate tanggal 14 Desember 2010, Jupe dadi tersangka kasus penganiayaan karo pedangdut Dewi Perssik.[19]
[sunting]Urip Pribadhi
Jupe iku wong wadon keturunan Sunda-Betawi. Dheweke nikah karo Damien Perez ing Perancis tanggal 7 Oktober 2002. Sanajan wis suwi nikah karo Damien Perez, kekarone durung dikaruniai anak. Jupe tau keguguran ing taun 2007.[20] Pada beberapa Ing pirang-pirang kasempatan, Jupe crita yen dheweke nunda "momongan" amarga kepingin konsentrasi ing kariere.[21][22]
Nikahane karo Damien mulai entuk cobaan. Ing awal taun 2009, Jupe katon cedhak karo pemain bal saka Argentina kang main ing klubPersiba, Gaston Castaño. Jupe wis wani [23] dolan bareng Gaston ing awal sasi Maret 2009. Kekarone katon mesra mesra lan intim[24]nalika dolan ing pantai.
Sawise pegatan karo Damien Perez, Jupe sempet kena gugatan panggunaan jeneng keluwarga dening pihak Damien Perez kang ngrasa yen jeneng keluwarga 'Perez' kang dienggo Jupe iku kunci kang gawe Jupe tambah misuwur, mula Damien Perez gugat Jupe, lan Jupe kudu mbayar dhuwut kang cukup akeh. Sawise Jupe ngrampungake kasus iku, Jupe kang dadi pemenange, dheweke nerusake karire kaya biyasane lan uga isih tetep ncetak prestasi kang anyar, sanajan uripe pancen akeh kontroversi.
Cedhake karo Gaston Castano uga sansaya apik, mula saiki Jupe statuse dadi pacare pemain Persiba iki lan tetep hubungan apik, sanajan ana isu yen keluwarga Jupe ora setuju yen dheweke nikah karo Gaston Castano.
[sunting]Kontroversi
Julia Perez katon lan pose seksi mula dheweke kerep dicekal. Dheweke dicekal ing Bengkulu amarga kerep katon seksi.[25] Barengan karoDewi Persik, Annisa Bahar, Inul Daratista, Uut Permatasari, Trio Macan, Ira Swara dan Nita Thalia, dheweke dicekal dening Majelis Ulama Indonesia (MUI) Sumatra Selatan terkait larangan ngatonake artis iku ing Pilkada Sumatra Selatan 2008.[26] Rencana tekane Julia Perez lanMelly Zamri marang Pekanbaru kanggo meriahake dina kemerdekaan Indonesia tanggal 17 Agustus 2008 gagal amarga dicekal dening MUIPekanbaru.[27]
Albume kang bonus kondom uga ana kontroversi lan dheweke dadi dicekal. Namung nembe seminggu dirilis, album Jupe wis dicekal ingNusa Tenggara Barat[28] lan Balikpapan.[29] Dhewke malahan diusir saka Pelabuhan Tanjung Perak, Surabaya, amarga bagi-bagekake kondom ing kana.[30] Sanajan dheweke crita tujuane kanggo ndhukung program Keluarga Berencana (KB) lan nglawan AIDS, Menteri Pemberdayaan Perempuan Meutia Hatta ngandharake yen tumindak iku bisa diinterpretasikake minangka dhukungan seks bebas, apa maneh lirik lagu ing album Kamasutra nguwatake dhugaan iku.
Video klip Julia Perez dicekal ing kabeh stasiun TV ing Indonesia.[31] Video klip iku disutradarai dening Khemod saka rumah produksi Cerahati. Nganti saiki Jupe durung bisa ngerteni alesan pancekalan iku, padahal video klip iku wis lulus sensor lan genre komedi.
Ana kabar babagan operasi gedhekake susu kang dilakoni Juoe, nanging Julia Perez mbantah.[32] Rumor iki nyebar amarga ana jeneng Julia Rahmawati minangka pasien ing klinik ing kawasan Mega Mendung, Bogor, kang disinyalir mbuka praktek rekonstruksi susu.
Foto syur Julia Perez uga nyebar ing internet. Nalika koleksi foto-foto syur iku muncul ing koran terbitan ibukota, Julia Perez nglaporake menyang Yanmas Polda Metro Jaya ing tanggal 6 Maret 2007.[33][34] Nanging, amarga ora kepingin kasuse tambah suwe, Jupe pun akhire ncabut laporane ing tanggal 21 Maret 2007. Jupe crita yen iki dilakokake sawise telung fotografer iku wis njaluk ngapura menyang dheweke kang sadurunge dilakoke patemonan kanthi kooperatif lan kondusif. Kanggone, masalah iki wis dianggep rampung sanajan abot amarga dheweke dadi korban. [35]
g masok
BalasHapusmakasih ya
BalasHapusTerima kasih yh
BalasHapus